Text Pembawa Acara Pengajian Versi Basa Jawa

 

Assalamu’alaikumWr.Wb

Hadrotulmuhtaromin, para alim, para ulama’, para Kyai engkang tansah kaula ta’dhimaken. Wabil khusus dumateng panjenenganipun Rama KH. Ahmad Kurdi ingkang kita tengga fatwahipun.

Dhumateng Ibu Kepala Desa Kumendung, Ibu Dwi Handayani saha perangkatipun ingkang dahat kinurmatan.

Ingkang minulyo sedoyo tamu undangan,

Warga Masyarakat Dukuh Balong Wetan, Ibu Ibu Muslimat, Sahabat Fatayat, Sahabat Cahaya Muda, Sahabat Amuba Community soho Sahabat Copler Community ingkang kawulo banggaaken.

Alhamdulillah, raos syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan ugi rahmat, sehinggo kita saget kempal manunggal ing titiwanci sak meniko kanthi wilujeng.

Sholawat saha salam kunjuk dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang kita tengga syafa’atipun wonten Ing yaummil akhir, amin Allahumma amin.

Sedoyo tamu undangan ingkang dahat kinurmatan

Wonten Ing dalu menika kulo ingkang kajibah minangkani pranata adhicara, badhe maosaken reracing adhicara pengetan isro’ Mi’roj soho Nisfu Sya’ban Dukuh Balong Wetan.

Adicoro pengetan Isro’ Mi’roj soho Nisfu Sya’ban dalu puniko badhe kapurwakan kanti waosan surat Alfatihah, kalajengaken ngumandanging pustaka Suci Al-Qur’an ugi shalawat Nabi. Ewodene titilaksono ingkang ongko tigo nun inggih waosan tahlil ingkang badhe kalajengaken tanggap wacana. Minangka adicoro pungkasan inggih puniko pujo hastungkoro soho doa.

Sumonggo pengetan Isro’ Mi’roj soho Nisfu Sya’ban dalu puniko dipun wiwiti kanti waosan Bismilah sesarengan…….BISMILLAHIRROHMANIRROHIM……

Bapak ibu sedoyo tamu undangan ingkang minulyo

Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko ngumandanging pustaka suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun waos kangmas/Nyimas…………………………………………Dumateng ……………………………………………………………..kulo sumanggaaken.

Adicoro sak lajengipun inggih puniko sholawat Nabi ingkang badhe dipun regengaken kalihan iringan rebana ………………………………saking dukuh balong Wetan. Wedal soho panggenan kulo aturaken, sumonggo…

Ewodene titilaksono ingkang ongko sekawan nun inggih waosan tahlil, ingkang badhe kawaos dateng bopo Nur Salam, Dumateng panjenenganipun kulo sumanggaken.

Sumrambah adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko tanggap wacono. Sepindah badhe dipun aturaken saking sedulur panitia, dumateng kangmas Gusfandi Faisal kulo sumanggaaken.

Sedoyo tamu undangan ingkang dahat kinurmatan

Pengetan Isro’ Mi’roj soho Nisfu Sya’ban dalu puniko kanti cancut gumregut taliwondo makaryo poro kaneman ugi sedoyo masyarakat dukuh balong wetan ingkang tumuju tentreming gesang ing masyarakat kagawe soko tumindak kang pinuji kita marang sasama, kawujud santunan. Sumonggo sedulur panitia kulo sumanggaaken.

Tanggap wacono ingkang ongko kaleh inggih puniko saking kepala Desa Kumendung, dumateng ibu Dwi Handayani, kulo sumanggaken.

Istirahat

Kangge ngregengaken sasono ing dalu puniko sumonggo grup rebana …………………….saget nglipur sedoyo tamu undangan kanti lantunan sholawat nabi, sumonggo………………..

Minongko adicoro pungkasan nun inggih pujo hastungkoro soho doa ingkang badhe dipun salirani dening panjenenganipun romo KH. Ahmad Kurdi saking Desa Sridadi. Dumateng Panjenenganipun Romo KH. Ahmad Kurdi Kulo sumanggaaken.

Kulo teng mriki minongko pranoto adicoro, bilih wonten klenta klentunipun anggen kulo matur ugi kirangipun trep ing tingkah laku nyuwun agunging samudra pangersami.

        SANTEN PERESAN KLOPO CEKAP SEMANTEN ATUR KAWULO. NUWUN

 

Wassalamu’alaikumWr.Wb

 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cara membuat "PaintPot" pada Android menggunakan MIT APP Inventor

Python: 4 Cara Menghitung Perpangkatan

Text Pidato Sambutan Panitia versi Basa Jawa