Text Pidato Sambutan Panitia versi Basa Jawa

 

Assalamu’alaikum wr. Wb.

Dumateng Romo KH. Ahmad Kurdi saking Sridadi ingkang kito tenggo fatwahipun.

Dhumateng Ibu Kepala Desa Kumendung, Ibu Dwi Handayani saha perangkatipun ingkang kula hormati

Jamaah Musholla Nurullah Dukuh Balong Wetan Desa Kumendung ingkang kulo hormati

Ingkang minulyo sedoyo tamu undangan.

Warga Masyarakat Dukuh Balong Wetan, Ibu Ibu Muslimat, Sahabat Fatayat, Sahabat Cahaya Muda, Sahabat Amuba Community soho Sahabat Copler Community ingkang kawulo banggaaken.

Alhamdulillah, raos syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring kenikmatan ugi rahmat, sehinggo kita saget kempal wonten acara peringatan Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad SAW soho Nisfu Sya’ban dukuh mbalong Wetan dalu piniko kanti wilujeng.

Sholawat saha salam kunjuk dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang kita tengga syafa’atipun wonten Ing yaummil akhir, amin Allahumma amin.

Kapareng kulo jumeneng wonten mriki aminangkani talanging atur mewakili sedaya panitia, sepindah ngaturaken  ahlan wasahlan bikhudzurikum dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun kersa angrawuhi undangan saking panitia, mugi – mugi langkah panjenengan sedoyo pikantuk ridhonipun Allah SWT.

Kawulo aturaken maturnuwun sanget dumateng Jamaah Musholla Nurullah, PS Cahaya Muda, Amuba Community, ibu-ibu Muslimat, Sahabat Fatayat, Copler Community lan sedoyo warga Dukuh Balong wetan ingkang sampun maringi sumbangsih arupi moril ugi spiritual sehinggo saget terlaksana acara pengaosan peringatan isra’ mi’raj Nabi Muhammad saw lan Nisfu Sya’ban kanti Tema ………………………………….(lihat beground belakang) dalu puniko kanti wilujeng lan sukses.

Kawulo minangkani wakil saking sedaya panitia menawi anggenipun maringi panggenan ugi pasugatan kirang trep ing penggaleh nyuwun agunging samudra pangersami. Mugi-mugi acara dalu puniko saget maringi manfaat lan berkah dateng kito sedoyo. Amin Allahumma Amiin.

Santen peresan klopo, cekap semanten atur kawula, nuwun

Wassalamu’ alaikum wr. Wb

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cara membuat "PaintPot" pada Android menggunakan MIT APP Inventor

Python: 4 Cara Menghitung Perpangkatan